| | lembu katiup angin tanpa aran mangsa ketiga gita-gita godhong-godhong wus ora bisa sumarah ing lakuning wayah tuwin dina nggelak cikar rungketing angkara, nedya ngadang mala jawata cengkar bela sungkawa tanpa kendhat angirab bharat bajingan nggelak angin sa'angkring supata, gegojekan lawan pati nyeblak segara mbegal kereta kecananing kanjeng ratu kidul nora selak yen wus dak mangsa mangsa rendheng lan ketiga tanpa sat wuntah, ing wektu iki anggelap ngampar sa'jeroning paudaranku tan pawatesmu | |
eruchakraning sun
angkasa tinarbuka
ing pucuk erining wengi
eruchakra sakedheping
netra, njalma dadi chandra
klebating bayu memayuhayu
ring diyu rhasa gebyaring
segara wedhi awujud lintang
wadag tanpa wadal lan wayah
warangkaning wesi
aji anglerap-lerap pura
kaputrian, anyuba sunar
purwacarakaning sada lanang
tinebahake ing sadak kinang
mula panembahan cancut tali
wanda, satemah mandha wengi
megar sawedharing mandhalan
ngangsu sumur rupa
twin ras dede anggitan
parikena, sigrake jambe
abang-abang lambe sesami
lawan liyan uga, anakmami
ngangsu wayah pletheking
surya sumurupa ing wanci
surub njalma ron tal iki
madyaning rasa
yen ing pambukaning kala
ingsun amatek aji si jaran goyang
mula ing madyaning rina
sun tampakake ki sada lanang
ing samuderaning sadak kinang
anggita-gita langit kelap-kelap
bumi gonjang-ganjing
| Jumbuhing Panemu Saka panjangkane Tlatah Kayen Nembe kadunungan genahe yen Mung ros-rosane pring kang kebak rasa, dene sakjroning lonjoran, namung grumbulan suwung, nurut teraking hawa Ing parak isuk wus nate daksawabke ujar, yen jaran kepang lakune lunjak lunjak, nadyan kaselakono ing tembe bakal kalaksanan, Baruklinthing njabel sada lanang Janma Umanjing Trustaning Semedi gusti pengeran kang hamengku jagadnata paring dhawuh mula midangetna kanthi setiti waha tuhu marang kang murwengdadi punika raras sampun jumeneng ing dhampar paseban sun umanjing sekethiking netra lodhang luwenging waringin kekalih nuju ing pratandha punjering gesang lingga wujud kang anumbak telenging samudera wedhi tetes titising habangun praja keparenga tingal dhumateng panepen ring ngarsa waha wuri pakartining panembah ngarumake gusti sareh tumungkula putra wayah, anakmami ki dipati putraningsun, ingsun mekas malih ya dibisa angemong ing praja, araras tunggaling kawula twin gustinira satemah endahing sesekaran saka tamansarining pura kaputren gumebyar ring margi malya bhra kaangge ubarampe andherekake dhutaning manca, kairingiake tumekaning bebantheng benteng amarengi swara tetembangan jawi kinanthi ngancik plengkung laras langkung pinanggihnya apit rempit panca lawang paduraksa nanjak baya murweng lana baluwarti jagakapti pramila kaki saka ing dingin tumekaning tembe tlatah iki dede gunuking giri waha siti ampil | |
1 komentar:
Egi nakal, ya... hehehe....
Posting Komentar